Rabu, 10 Juli 2013

Puasa, Tapi Ngopi

Kanggo tamba kempong lan ngantuk, Juned numpak motor kliling Sumber, Ibukota Kabupaten Cirebon kang durung suwe olih Adipura.
Weruh Dulkamid lagi nongkrong ning Koprasi Tunas Kencana, deweke langsung ngupai weruh ning Salamah, rabie Dulkamid.
"Yu, Mama Kamid lagi ngopi ning koprasi."
"Waduh, kurang ajar, kita pegel-pegel masak opor ayam kanggo saur, sekien malah ngopi karo njabur, awas yen balik tek banjur!"
Ora suwe Dulkamid balik. Salamah langsung nyewoti lakie. "Ma isin beli anak wis gedhe-gedhe tapi kelakuan masih kaya ABG...!"
"Maksude Mimi kepriben?"
"Jare mau ngopi ning koprasi."
"Astaghfirullah Mi....., iya Mama ngopi, tapi ngopi sertipikat tanah, bli nginum kopi, kih fotokopiane...! Jare Dulkamid mbari mbanting map isie fotokopian.
"Hah, bukat kuh nginum kopi. Pangapura ya Ma....," Salamah ngrasa salah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar