Rabu, 10 Juli 2013

Gambar Wong Ibadah

Misbo oli tugas sing Guru Lamsijan kongkon ngumpulaken kliping wong sing lagi beribadah puasa.
"Anak-anak, kliping gambar atawa poto wong sing lagi ibadah puasa. Tugas mau dikumpulaken minggu arep, " jare Lamsijan.
Let seminggu, rupane Misbo klalen yen deweke oli tugas sing Guru Lamsijan.
"Ayo anak-anak klipinge dikumpulaken, " jare Lamsijan.
Misbo klabakan. Ahire jukut poto deweke sing tas terus ditempel ning kertas bari dipai judul, "Tugas Kliping Poto Wong Beribadah".
Lamsijan mriksa tugas murid-muride. Pas mriksa dake Misbo Lamsijan sewot.
"Apa maksude sira nempel poto dewek ning tugas kliping?" takon Lamsijan.
"Iku gambar wong lagi beribadah Pak Guru. Sekien kan wulan puasa," jawab Misbo.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar